Latest Ebook :
Home » » Pawestri Tanpa Idhentiti

Pawestri Tanpa Idhentiti

{[['']]}
DOWNLOAD "BUKU PAWESTRI TANPA IDHENTITI (PDF)

PAWÈSTRI TANPA IDHÈNTITI. Crita roman Jawa sing ngandhakake yen wong Jawa kuwi bisa urip modheren, bisa urip nganggo prekakas, instrumen, infrastruktur, mobil pungkasan, budaya abad mutakhir, hubungan bisnis karo manca negara, ngene iki jare sastrawan Indonesia Beni Setia, kuwi Eksperimene Suparto Brata (KOMPAS Jatim, 27-08-09). Kuwi diupamakake padha karo polahe sawijine uwong sing anggone mawas bumi kecedhaken banget, ora percaya yen bumi kuwi bunder. Nyatane dheweke ngadeg, mlaku, mlayu ing lumahe bumi, prasane ya bumi kuwi leter wae. Ora rumangsa gliyar-gliyur kaya yen ngadeg ing ndhuwure bal bunder. Tegese pengarang Suparto Brata anggone ngarang yen wong Jawa kuwi bisa nglakoni urip ing donya jaman modheren, marga Suparto Brata dhewe anggone urip ya kaya mengkono kuwi. Urip kaya sing digagas dadi crita. Uripe pengarang cedhak banget karo lakone crita. Mula kaya-kaya ora bisa nyawang yen wong Jawa kuwi uripe durung nganti tekan samono modherene. Nanging wong Jawa urip kaya ing crita iki pantes banget dadi cita-citane ngaurip para wong Jawa kabeh wae.

Pawestri sawenehe wong wadon, ketangkep pulisi nalika lagi ana ing kamar hotel. Kahanane nggliyeng kaya arep semaput. Panuluh Barata, sing ngonangi bab kuwi, lan uga marga dijaluki tulung mitra bisnise sing duwe kamar hotel, gage tetulung. Pawestri dibelani nguwali saka tangkepane pulisi, jare diaku sekretarise. Marga tetep arep semaput, terus wae digawa menyang rumah sakit. Dipasrahake dhokter sing dipercaya tenan. Lan didama-dama temenan dening Panuluh Barata, sawenehe priyayi pembisnis daging sapi njendhel import saka Australia.

“Aku ngopeni Jeng Pawestri neng kene kuwi dudu ngregem mala. Kanthi tulus ati arep tetulung. Dheweke kuwi lagi kacilakan, kelangan graita,” ujare Panuluh.

“Pak. Mbok sampun, ta, Pak. Tiyang niku diwangsulke teng hotel mawon. Ampun direksa ing mriki. Nular-nulari penyakite! Tiyang wedok hotelan penyakite napa? Sifilis, rajasinga, gonorhoea, penyakit masyarakat sing dirazia pulisi,” ujare Pangestu. Antarane Bapak lan Anak lanang, padha congkreh nanggapi anane Pawestri Tanpa Idhentiti kuwi. Sapa ta, Pawestri kuwi? Apa lakone ing roman iki? Crita eksperimene Suparto Brata kang tansah renyah. Yen wis wiwit maca, racake emoh yen ora ndang dirampungake.

Pengarang Suparto Brata asmane wis kecathet ing buku Five Thousand Personalities of The World 1998 terbitan The American Biographical Institute, Raleight, North Carolina 27622 USA.

Share this article :

Post a Comment

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Ebook Suparto Brata - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger