Latest Ebook :
Home » » Sala Lelimengan

Sala Lelimengan

{[['']]}
Buku Sala Lelimengan

Vijfde Cologne, organisasi mata-mata mungsuh. Gampangane ya spionage. Embuh wong Landa kok nyebutke ngono. Cologne kuwi jenenge kutha ing Kali Rhine, Jerman. Kali mau uga ngliwati Prancis. Bisa uga nalika Perang Donya I, utawa malah jaman Perang Napoleon, Kutha Cologne dadi rebutan, padha gawe siyasat nelukake mungsuhe, sarana padha ngorganisasi spionage. Spionage-spionage mau saking canggihe banjur saben organisasi mata-mata mungsuh katalah Vijfde Cologne alias Kolone Kalima, basa Indonesiane. Perang siyasate Jendral Spoor, panglima perange tentera NICA Walanda ing Indonesia 1945-1950, pemerintah pusat Republik Indonesia ing Jogjakarta, Gusti Mutu Manikam, Baidowi, ngene iki ya mesthi ngendelake kajuligan, kaprigelan, kaprawirane para paragane spionagene anggone padha luru katrangan kepriye obah-mosike mungsuh. Kuwi sing diarani Vijfde Cologne.

Sapa sing kokweruhi bala Baidowi apa bala mungsuhe?

Ora akeh. Siji, Gusti Bandara Raden Ayu Mutu Manikam. Loro, Raden Mas Biangga. Telu, Kapten Dhondhi Suhirman. Lan isih akeh maneh. Nganggo jeneng sandi, kaya ta Nyonya Kapten, Letkol Beja, Bisu, Cuwosangiing, kuwi mesthi dudu jeneng sing tenan, jeneng sandi.

Atiku mangro. Apa bener Nyonya Kapten kuwi Gusti Mutu Manikam? Durung mesthi, wong letnan Baidowi nalika meh les uripe wanti-wanti tenan yen surat kuwi kudu diaturake tenan marang Nyonya Kapten sing Republikein, aja nganti kecekel tangane mungsuh sing jeneng samarane Bisu! Mangka Bisu, Nyonya Kapten, Cuwosangiing, Letkol Beja, lan sapa maneh pasrawungan para nandhang asma sandi kuwi akeh sing aku durung dhong.

Yen Gusti Mutu kuwi uga mungsuh, balane Landa, ya disikat pisan wae!

Hi-hi-hi. Sing arep nyikat sapa? Wong kahanane pasrawungan sakupenge kaya ngono. Jan, nyakrabawani tenan, pasrawungan tingkah ndhuwuran kana kuwi.

Share this article :

+ comments + 1 comments

10 October 2023 at 18:35

Maaf apakah untuk ebook ini tersedia? Saya sedang membutuhkan untuk tugas perkuliahan

Post a Comment

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Ebook Suparto Brata - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger