Latest Ebook :
Home » » Para Pawestri Pejuwang

Para Pawestri Pejuwang

{[['']]}
DOWNLOAD "BUKU PARA PAWESTRI PEJUANG" (PDF)

Para Pawestri Pejuwang.  Saka irahane Para Pawèstri Pejuwang wis ketara yen pengarange (Suparto Brata) genah nyenyubya para pawestri. Ibu Sri Widati saka Balai Bahasa Jogyakarta biyen wis ngarani yen Suparto Brata kuwi feminist.

Buku iki nyritakake jaman geger lengsere Presiden Soeharto Mei 1998, kang gumanti Jaman Reformasi.

Sing dicritakake sawenehe keluwarga sing dumadi saka Eyang Kakung tilas tentara, Bapak kang pinuju cekelgawe dadi pejabat kang kuwasa, Ibu kang wis lumpuh, putra lanang diwasa kang nuntut owahe jaman, lan putra putri loro diwasa kang uga mesthine kepengin ngowahi jaman.

Kacritakake yen para kakungan polahe sarwa “grobyagan” nuduhake katiyasane otot, dene para putrine anggone tandang nglakoni owahe jamane kanthi cara kang tanpa “kekerasan”. Kepriye tutuge lan wusanane lelakon ing buku iki, wis saya nggambarake lelakone jaman Reformasi ing tembe bacute.

Buku sastra iki sawenehe crita sejarah, prayoga diwaos lan ditliti minangka ngrerancang uripe bangsa sing bakal dumadi supaya luwih kepenak katimbang jaman kang wis utawa lagek klakon. L’histoire est roman qui a éte, le roman est une histoire qui auraite pu ètre.

Sejarah kuwi temene rak awujud crita roman (sastra) sing wis tau klakon, dene crita roman (sastra) kuwi mujudake sejarah sing bisa wae lelakon sejarah sing wis tau kedadean tenan (E & J de Concourt).

Ing buku iki ditambah artikel bab the Bangkok World Book Capital 2013, the 30th universary of the S.E.A.Write Award, and the 730th of Thai Alphabet ing Bangkok, Thailand, April 2013. Uga rinengga gambar kegiyatan pengarang nalika ngestreni acara the Bangkok Read For Life.

Share this article :

Post a Comment

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Ebook Suparto Brata - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger