Latest Ebook :
Home » » Nona Sekretaris

Nona Sekretaris

{[['']]}

DOWNLOAD "BUKU NONA SEKRETARIS" (PDF)

NONA SEKRETARIS.   Peradhabane manungsa miturut futuristik kondhang Alfin Toffler, diperang dadi 3 gelombang prahara: Abad Tetanen, Abad Industri, Abad Informasi. Minurut pepanthan kuwi, crita iki kelakon ing akhire Abad Industri. Abad Informasi lagek anyak. Siyaran TV sing ana mung TVRI, HP durung ana, telpun omah isih winates. Mung suratkabar Jakarta sing bisa nembus tekan dhaerah, kuwi wae beredhar telat sedina saka dina terbite.

Sirtu prawan saka Sragen, lunga menyang Jakarta golek urip sarana kapinteran anggone kursus-kursus ketrampilan ngetik, steno, tata buku, lan basa Inggris. Entuk penggawean ing Biro Pentas Artis, sawenehe kantor impresario sing ngatur pagebyagan-pagebyagan tontonan musik lan joged. Ing kono Sirtu srawung karo para seniwati musik lan joged, lan uga karo punggawa event-organisatore, yakuwi wong-wong kang mecaki uripe ora sarana ijazahe, nanging sarana kadibyane bakat olah senine, lan kelantipan nalurine berjuwang ngranggeh pucuke panguripane. Kabeh para paraga kanthi ciri wancine dhewe-dhewe melu urun alure crita, kang njalari roman iki dadi muyek lan ngresepake, dibumboni aspek kasmaran kang ngelam-elami ati. Akeh semangat geganthane ngaurip kang bisa tinuladha ing wacan iki.

Pengarange, Suparto Brata, wis kawentar banget kadidene penulis crita kang ngedap-edapi. Wis tau oleh pahargyan Hadhiyah Rancagé ambal ping telu, asmane wis kacathet ing buku Five Thousand Personalities of the World Sixth Edition, 1998, terbitan The American Biographical Institute, Inc. 5126 Bur Oak Circle, P.O.Box 31226, Raleight, North Carolina 27622 USA. Taun 2007 nampa The SEA Write Awards ing Bangkok.

Share this article :

Post a Comment

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Ebook Suparto Brata - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger